Teks Pembawa Acara Manten Bahasa Jawa

- 12 Januari 2021, 13:47 WIB
Ilustrasi Pernikahan Adat Jawa
Ilustrasi Pernikahan Adat Jawa /Instagram/@ovidian

Tuban Bicara - Bagi anda yang sedang kesulitan, ketika menjadi pembawa acara dalam bahasa acara diacara manten, silahkan anda memaki teks ini, siapa tahu bisa memudahkan anda dan acara berjalan sukses.

Berikut ini contoh pronotocoro (dirumah penganten Pria ) sederhana yang bisa anda gunakan untuk pemula. Tentu saja banyak kekurangannya.

Assalamualaikum wr.wb

Rumentahing pujo hastowo saking Gusti Engkang moho welas Moho Asih mugi tansah kajiwo lan kasariro dening poro rawuh kakung sumawono putri.

Baca Juga: 13 Lakon Wayang yang sering dipentaskan Dalang Ternama

Nuwon, Dhumateng panjenenganipun poro pepundhen, poro sepuh, poro pini sepuh engkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman enkang pentes pinundi.

Poro pengemban pangembating projo miwah Satrianing nagari minongko pandhom pandhoming kawulo dhasih engkang sinubo ing pakurmatan.

Poro sujono sujananing budi engkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan engkang satuhu bagyo mulyo.

Baca Juga: Menelaah Sastra Majapahit dan Negarakertagama

Nun inggeh, baroyo ageng baroyo wiro wiyoto, baroyo wiro tamtomo, poro purnokaryo labetprojo engkang mahambeg luhuring dharmo.

Poro alim ulomo engkang rinten dhalu tansah sumanding wahyuning Illahi minongko keblating panembah engkang stuhu luhuring budi.

Panjenenganinpun poro satyo wredo carono madyoprotsmu kakung putri engkang pantes nampi pakurmatan satuhu lamunto sinudarsono.

Baca Juga: Anda Harus Tahu! Berikut Beberapa Penulis Sukses dan Karya Mendunia

Mradhopo saking keparengipun Bopo …….. (enkang hamengku gati / tuan rumah) sekalian garwo , kulo engkang kapitedhah sinaroyo hambuko wiwaraning suko dwaraning kondho minongko jejering pambioworo ngturaken urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit dening kulowargo, engkang tartamtu kemawon kaenerekan wonten ing pawiwahan prasojo wonten ing ri kalenggahan puniko.

Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan kepareng kulo atoraken menggah urut reroncening adicoro :
1. Pambuko
2. Waosan kitab suci Al Qurán
3. Pambagyo harjo
4. Atur pangandhikan saking keluargo temanten putri
5. Atur pangandhikan saking keluargo temanten kakung
6. Sabdo tomo
7. Panutup

Baca Juga: Anda Harus Tahu! Berikut Beberapa Penulis Sukses dan Karya Mendunia

Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan, mekaten urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit deneng sedoyo kulowargo.
Sumonngo sesarengan nyuwon dhumateng Gusti pengeran Engkang moho kuwaos mugi lampahing adicoro wonten ing siang puniko pinaringan wilujeng kalis saking rubito tuwin sambikolo, sumonggo kulo derekaken kanti maos basmallah. Bismillahirrohmanirrohiim

Saklajengipun dhungkap adicoro engkan ongko kaleh waosan Kitab suci Al Qur’an.

Dhumteng kadang engkang sampun kapiji sasonoworo kaaturaken.

Maturnuwon dhumateng ……………………. mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran engkang matikel-tikel, sumrambah dating sagung poro lenggah.

Baca Juga: Kumpulan Puisi Romantis Sapardi Djoko Damono

Dhungkap adicoro engkang saklajengipun ngeh puniko pambagyo harjo yuwono.

Dhumateng panjenenganipun Bopo………………. Minongko sulih sariro talang boso panjenenganipun bopo …………………sekalian garwo . sasonoworo katuraken skcekpipun.
Paripurno atur pambagyo harjo kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis dalah wijang wijileng boso. Sanget kaaturaken agungeng pamaturnuwon.

Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan!

Sekderengipun adicoro kalejengaken kepareng adicoro kasigeg rumiyen kagem sumene sak wentawis. Dhumateng kadang mudo among karyo wekdal kulo sumanngaaken. Dhumateng poro rawuh kasumanggaaken hanyekecakaken anggenipun lenggah.

Baca Juga: 13 Lakon Wayang yang sering dipentaskan Dalang Ternama

Kepareng kulo aturaken

Begitulah teks buat belajaran, jika ada kekurangan, kami mohon maaf. Semoga bermanfaat.***

Editor: Edison T


Tags

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x