Teks Pembawa Acara Manten Bahasa Jawa

- 12 Januari 2021, 13:47 WIB
Ilustrasi Pernikahan Adat Jawa
Ilustrasi Pernikahan Adat Jawa /Instagram/@ovidian

Poro alim ulomo engkang rinten dhalu tansah sumanding wahyuning Illahi minongko keblating panembah engkang stuhu luhuring budi.

Panjenenganinpun poro satyo wredo carono madyoprotsmu kakung putri engkang pantes nampi pakurmatan satuhu lamunto sinudarsono.

Baca Juga: Anda Harus Tahu! Berikut Beberapa Penulis Sukses dan Karya Mendunia

Mradhopo saking keparengipun Bopo …….. (enkang hamengku gati / tuan rumah) sekalian garwo , kulo engkang kapitedhah sinaroyo hambuko wiwaraning suko dwaraning kondho minongko jejering pambioworo ngturaken urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit dening kulowargo, engkang tartamtu kemawon kaenerekan wonten ing pawiwahan prasojo wonten ing ri kalenggahan puniko.

Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan kepareng kulo atoraken menggah urut reroncening adicoro :
1. Pambuko
2. Waosan kitab suci Al Qurán
3. Pambagyo harjo
4. Atur pangandhikan saking keluargo temanten putri
5. Atur pangandhikan saking keluargo temanten kakung
6. Sabdo tomo
7. Panutup

Baca Juga: Anda Harus Tahu! Berikut Beberapa Penulis Sukses dan Karya Mendunia

Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan, mekaten urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit deneng sedoyo kulowargo.
Sumonngo sesarengan nyuwon dhumateng Gusti pengeran Engkang moho kuwaos mugi lampahing adicoro wonten ing siang puniko pinaringan wilujeng kalis saking rubito tuwin sambikolo, sumonggo kulo derekaken kanti maos basmallah. Bismillahirrohmanirrohiim

Saklajengipun dhungkap adicoro engkan ongko kaleh waosan Kitab suci Al Qur’an.

Dhumteng kadang engkang sampun kapiji sasonoworo kaaturaken.

Maturnuwon dhumateng ……………………. mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran engkang matikel-tikel, sumrambah dating sagung poro lenggah.

Halaman:

Editor: Edison T


Tags

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x