Contoh Teks MC Pembawa Acara Pernikahan Berbahasa Jawa Solo dan Jogja

19 Mei 2022, 09:37 WIB
Contoh Teks MC Pembawa Acara Pernikahan Berbahasa Jawa Solo dan Jogja /Tangkapan layar buku.kemdikbud.go.id/Buku kelas 4 SD MI tema 7

 

TUBANBICARA.com - Berikut adalah artikel yang bisa dijadikan contoh dan referensi untuk para pembawa aca atau MC adalam acara pernihakan berbahasa Jawa.

Di daerah Tuban sendiri, biasaya MC pembawa acara dalam sebuah pernihakan ada yang menggunakan Jawa Solo dan ada juga yang menggunakan Jawa Jogja.

Mengutip dari YouTube Channel Ruslin Mbah Sho, inilah salah satu MC pembawa acara yang bisa dijadikan referensi dan contoh dalam acara pernikahan berbahasa Jawa.

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Muqadimah Singkat dan Menarik yang Cocok untuk Ceramah Khutbah Jumat, Pidato, Sambutan MC

Assalamu'alaikum Wr Wb

Kawilujengan, katentreman miwah karahayon awit sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung

Mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan ing manci punika.

Kula nuwun, para pinisepuh, para sesepuh miwang ajisepuh ingkang satuhu kinabekten.

Para tamu kakung saha putri, para sinedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan.

Baca Juga: Contoh Teks MC Susunan Acara Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H: untuk Acara RT, Sekolah, Keluarga dan Kuliah

Pinarengna kula sumela atur, saha paripaksa nggempil kamardikan, anggen panjenengan sedaya ndaweg sekeca imbal wawan pengendikan,

Labet kula ingkang sinarya minangka jejering pembiwara

Keparenga kulo mbiwarakaken menggah lampahing tatacara pahargyan ing wanci siyang punika.

Katitimangsa ing ari pinilih, dinten minggu pon, surya kaping 1, candra Januari 2022.

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Muqadimah Singkat dan Menarik yang Cocok untuk Ceramah Khutbah Jumat, Pidato, Sambutan MC

Pepunden kulo Bapa Sulistyo Wibowo Adi Kusumo adalah ibu,

Wus hanampi nugraha gung, netepi darmaning asepuh kepareng hangentas pitulus atmaja pawestri

Ingkang sesilih Dyah Ayu Rr, Ika rahayu putri ingkang sampun tinangsulan sah ing reh satataning agami ingkang rinasuk

Jinatukrama dening Bagung Adi wahyu nugraha atmaja kakung panjenenganipun Bapa Tri Anggoro dalah Ibu,

Ingkang pidalem wonten ing Fusum canggu Kecamatan Jetis Kabupaten Mojokerto

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Pidato Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H untuk di Sekolah, Kuliah dan Kantor

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon,..

Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga, panjenengan sedaya kulo dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT,

Karana agung rahmat sastra barokahipun, ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sedaya lan kula,

Satemah ing wanci ari puniko saged makempal manunggal ing sasana pahargyan kanthi wilujeng datan pambeng, niskala nir ing sambekala.

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Pidato Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H untuk di Sekolah, Kuliah dan Kantor

Para tamu kakung saha tamu putri ingkang winengku ing suka basuki wondhene lampahing tata adicara ingkang sampun rinancik dening keluarga,..

keparengo ing mriki kulo aturaken

Sepisan neggih pambuka pambukaning atur, ngancik adicara selajengipun neggih, miosing penganten putri saking panti busana kakanthi lenggah ing sasana rinengga,

Bidhaling paraga kang piniji mapag penganten kakung sapangombyong, lumarap ing sasana pahargyan kalajengaken srah panampi panggihing penganten,

Ingkang lajeng bonoyong lenggah jajar sumandhing ing sasana krobongan winangun.

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Pidato atau Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H, untuk Keluarga dan Alumni Sekolah

sasampunipun penganten sarimbit lenggah jajar sumandhing ing sasana kursi rinengga,

sarwi tinenggan dening rama miwah ibu, tumuli kinayatan tatacara krobongan,

nenggih timbang pangkon, tanem jero, kacar kucur tuwin dhahar klimah.

Ndungkap titilaksana adicara salajengipun kadang besan dhening ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken uparaca utawi sungkeman.

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Pidato atau Sambutanetua Panitia Halal Bihalal dan Reuni Sekolah SD, SMP, SMA dan Kuliah

para tamu kakung somawono putri ingkang dahat kinormatan, minangka jangkeping suba sita miwah tatakrami,

ing mangke bade katindakaken rantamaning adicara sabda pangandiko saking keluarga,

wohdhene ingkang minangka warujuning adicara neggih berkah pandunga kalajengaken wilujengan tuwin foto keluarga.

Baca Juga: Contoh Kumpulan Teks Pidato dan Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H, Cocok Disampaikan di Tempat Kerja

dene minangka pratanda purnaning gati, ing mangke sasampuna penganten sarimbit saha ingkang sami hamangun bebesanan jumeneng ing wiwaraning bale winangun saperlu nguntabaken jengka konduripun para tamu.

makaten para tamu, urut reroncening tatacara pahargyan prasaja ing ari kalenggahan menika, salajengipun mugi wontena keparengipun nglajengaken lelenggahan kahthi suka mardikaning raos, ngantos dumugi purnaning gati.

mugi rahayu ingkang sami panggih, winantu ing suka rena,...

Baca Juga: Kumpulan Contoh Teks Pidato atau Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 1443 H, Cocok untuk Semua Golongan!

nuwun,....

maturn nuwun,...

itulah salah satu contoh Teks MC Pembawa Acara Pernikahan Berbahasa Jawa Solo dan Jogja yang bisa dijadikan referensi dalam acara pernikahan Jawa

Editor: M Anas Mahfudhi

Sumber: YouTube

Tags

Terkini

Terpopuler